Wednesday, January 23, 2013

Dadi Suporter SMP N 3 Purworejo


Nalika aku kelas VII, tanggal 19 Maret 2012 aku seneng banget. Pokoke ora biso diungkapke nganggo tembung-tembung. Ing dino iku, aku oleh kesempatan dadi supporter sekolah kesayanganku, SMP N 3 Purworejo maju ing Lomba Cerdas Cermat Tingkat Provinsi Jawa Tengah. Lomba iku dianakake ing Gedung Pusat Pendidikaan Pelatihan, Semarang.

Jam setengah papat esuk, aku enggal-enggal tangi amarga mobil carteran sing arep tumuju menyang Semarang mlaku kira-kira jam setengah lima. Wengi sadurunge, aku wis nyepak-nyepakke piranti sing arep digawa menyang Semarang, kayata omben-omben, cemilan, buku tulis, lan alat tulis liyane. Jam papat esuk aku diterake bapak numpak montor tumuju sekolah. Tekan sekolah jebul wis ana Gustitiara An Nisaa utawa Anis kelas D, Iman kelas F, lan Mahendra Baleno Rama utawa Rama kelas A, uga ana Mbak Dhyta, lan Mbak Pramudita kelas 8A . Banjur teka Mbak Devi kelas 8B (kanca-kanca sekelase Mbak Devi, sih, pada mbeluk Mbak Shaun The Sheep. Iku, lho, kartun wedhus gembel sing kondhang banget. Soale rambut Mbak Devi rada brindil-brindil, kepiye. Kaya wulu Shaun The Sheep!!) *maaf, mbak *peace

Jam setengah lima mobil mangkat. Udakara jam setengah wolu aku kabeh (rombongan supporter SMP N 3 Purworejo) tekan panggonane. Ananging pas aku kabeh mlebu gedung, Bu Purwati, pembimbing rombongan supporter SMP 3 Purworejo dening SMS saking Bu Juniati, pembimbing peserta LCC saka SMP 3 Purworejo. Jebule SMP 3 main jam 10 !!  “Ah, ngertiyo ora usah mangkat gasik-gasik,” ngendikane Bu Purwati.

Ssstt… Bu Purwati nampi SMS iku ing lantai 1, ewadene papan lomba ana ing lantai 2. dadi aku kabeh munggah undak-undakan. Sawektu aku kabeh tekan lantai 2, pas banget! lomba lagi break utawa istirahat, dadi aku kabeh langsung mlebu ruangan.

Mripatku ora kedip. Ruangane gedhe banget. Kamera siap ing mburi kursi penonton. Eh, kuwi kamera TVRI !  Kursi para juri ana ing ngarep kursi penonton madhep panggung peserta LCC. Ora lali ing sebelah kiwo panggung peserta ana kursi para penilai. Ing sebelah tengen panggung peserta ana panggung cilik kanggo pembawa acara lan pembaca soal.

Banjur aku lan kanca-kanca supporter SMP 3 salaman karo peserta LCC saka SMP 3. Ana Mbak Ndaru Naris Wari utawa Mbak Ndaru, Mas Irfans Maulana Firdaus utawa mas Irfans, lan mbak Melania Krisna Nawangsasi utawa mbak Sasi.

Amarga SMP 3 main keri dhewe, aku lan kanca-kanca nonton peserta sadurunge dhisik. Sawektu lomba lagi break, aku kabeh lan Bu Purwati ngisi weteng sing wis pating krunyuk kaya lagu keroncong. Tahu Gimbal dadi pilihane aku kabeh. Warunge ana ing pinggir gedung lomba. Wareg, cedhak, enak tur murah, kan ???

Ah… Akhire SMP 3 main. Sadurunge main, Tim SMP 3 lan loro tim saka kabupaten liyane njupuk nomor undian. Tim SMP 3 oleh grup A !

Mata pelajaran sing diuji yaiku Matematika, Bhs. Indonesia, Bhs. Inggris, PKn, IPS, lan sapanunggalane. Suasana sangsoyo tegang. Huft… SMP 3 kalah. Hiks...hiks… Eits, dudu kalah. Nanging, sukses sing katunda. Pungkasane aku kabeh bali, sanadyan gela, ananging awak dhewe wis nglakoni sing paling apik. Sanadyan kalah, tapi ati seneng banget, entuk pengalaman sing ora bakal dak lakekake. 

2 comments: